NASKAH KHUTBAH 'IDUL ADHA 1441 H (BAHASA JAWA)

 


NASKAH KHUTBAH ‘IDUL ADHA 1441 H.

 

KHUTBAH 1

اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَاللَّهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ،ـ الْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ يَـخْلُقُ مَا يَشَاءُ وَيَـخْتَارُ، أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ الْوَاحِدُ الْعَزِيْزُ الْغَفَّارُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ إِمَامُ الْمُتَّقِيْنَ وَقُدْوَةُ الْأَبْرَارِ، اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ، صَلَاةً دَائِمَةً مَّا تَعَاقَبَ اللَّيْلُ وَالنَّهَارُ.  أَمَّا بَعْدُ، فَيَا إِخْوَةَ الْإِسْلَامِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ الْقَائِلِ فِي مُحْكَمِ كِتَابِهِ: إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ، فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ، إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْأَبْتَـرُ

Poro sederek, Muslimin Muslimat, Jamaah ‘Idil Adha رحمكم الله

الله اكبر  الله اكبر  الله اكبر 

Yektosipun pancen namung Allah ingkang Moho Ageng soho Agung. Yektosipun pancen naming Allah ingkang berhak dipun yakini ageng soho wajib dipun agung - agungaken. Alam semesta raya lan sak isinipun sedoyo meniko naming makhluk ciptaanipun Allah.

Bumi ingkang kito panggeni gesang ngupadi panggesangan meniko naming salah setunggalipun planet saking trilliunan planet ingkang dipun ciptaaken dening Allah, bagian saking alam semesta meniko. Planet bumi ingkang kito panggeni gesang niki poro sederek …. Meniko yektosipun planet ciptaanipun Allah ingkang kalebet paling alit timbang saking planet-planet sanesipun.  Nopo maleh kito sedoyo, poro menungso ingkang dados sebagian kecil saking isinipun bumi meniko, tentu alit sanget, mboten kagungan doyo lan kekiyatan nopo-nopo tanpo keagunganipun gusti Allah Mulo, الله اكبر , Namung Allah ingkang Moho Ageng lan Agung

لاحول ولاقوة الاباالله العلي العظيم

Mboten enten doyo lan kekiyatan nopo - nopo tanpo wonten pitulung kekiyatan saking ngersanipun Allah SWT.

Takbir ingkang kito kumandangaken lan kito waos damel dzikir wiridan ba’da sholat milai ba’da shubuh tanggal 9 Dzulhijjah ngantos dumugi benjang ba’da Asharipun tanggal 13 Dzulhijjah meniko, sumonggo kito ucapaken lan kito angen-angen artosipun kirang langkung kados ingkang kulo aturaken kolowau, supados الله اكبر, soho kalimat لااله الاالله ,tertanem - termancep – ngoyot wonten ing manah kito, kagem jimat sekti kito ngadepi ruwet rentengipun gesang wonten zaman akhir meniko, ngantos dumugi akhir ngajal kito kabekto sowan dateng ngersanipun Allah SWT. Amiin ….

 

الله اكبر  الله اكبر  الله اكبر 

Poro sederek, Muslimin Muslimat, Jamaah ‘Idil Adha رحمكم الله

Alhamdulillahirobbil’alamin, syukur sanget dateng ngersanipun Allah SWT. Wonten ing mongso ingkang dereng badan kesehatan dunia utawi WHO, ugi dereng pemerintah bangso kito Indonesia meniko, taseh mongso pandemi Covid - 19. Kito sedoyo tasih lan tansah dipun paring kesehatan, keselametan, soho kawilujengan sehinggo kito sedoyo tasih saget nindakaken setunggaling ‘ibadah tahunan inggih puniko rangkaian ‘ibadah ‘idul Adha dinten meniko lan tahun meniko. Mugi - mugi kito sedoyo, keluargo, putro wayah lan masyarakat kito tansah dipun selametaken deneng Allah lan wabah covid ingkang sarwo ngrepotaken soho mbingungaken  sedayanipun meniko enggal dipun angkat, dipun musnahaken dening Allah saking negari ugi bumi kito meniko. Amiin. Allahumma amiin

 

لااله الاالله والله اكبر

Poro sederek, Muslimin Muslimat, Jamaah ‘Idil Adha رحمكم الله

Allah SWT, dawuh :

فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَر

"Ono ing dino ‘idul adha, seliramu sholato, nuli nyembeliho hewan Qurban”.

Poro sederek sedoyo ingkang dipun rahmati Allah

‘Idul Adha  meniko dipun Syari’ataken deneng Allah sejak zaman kanjeng Nabi Ibrahim As. Sak- ba’danipun nglewati kaleh dinten ingkang dipun sebat dinten tarwiyyah lan dinten arofah.

Tarwiyah meniko maknanipun dinten perenungan.

Arofah meniko maknanipun dinten pemahaman.

Lajeng ‘idul Adha ngantos 3 dinten sak ba’danipun meniko tegesipun dinten pengorbanan. Rangkaian lan urutan nami dinten - dinten kasebat meniko tentu mengku pelajaran utawi pendidikan saking ngersanipun Allah dateng kito sedoyo ingkang kedah selalu kito angen - angen supados saget nampi lan memahami pelajaran meniko.

 

Poro sederek, Muslimin Muslimat, Jamaah ‘Idil Adha رحمكم الله

Kanjeng Nabi kito Muhammad SAW. Paring dawuh:

مَنْ عَرَفَ نَفْسَهُ عَرَفَ رَبَّهُ

 “Seng sopo wonge ngerti awake, mongko mesthi dadi ngerti pengerane”.

Memahami dawuhipun kanjeng nabi meniko mbetahaken perenungan ingkang panjang. Ringkasipun bilih kito sedoyo meniko sewau mboten wonten ugi mboten wonten aranipun. Lajeng wonten, wujud lan aran ingkang kito sandang meniko niki, amargi wonten ingkang maujudaken ugi ingkang maringi  aran. Inggih meniko Allah SWT. Ingkang nitahaken kito lan ingkang paring aran dateng kito kanti pinten - pinten  sebab, sarono lan bahan. Kito terlahirpun boten langsung dewasa, tetapi nglewati pinten - pinten tahapan lan pinten - pinten perubahan aran, milai saking aran bayi, remaja, muda, mudi, lan sak terusipun ngantos dumugi ngajal utawi pati. Sedoyo tahapan anggenipun gusti Allah nitahaken kito kolowau ugi kanti melibatkan pinten-pinten makhluk sanesipun, milai saking sesami ngantos dumugi alam sekitar.

Sedoyo meniko dipun ciptaaken deneng Allah kagem gesang lan panggesangan kito sehinggo antawis setunggal kaliyan sanesipun sedoyo saling berkaitan ugi saling mbetahaken.

Poro sederek… perenungan ngoten menikolah pelajaran saking dinten tarwiyah (ingkang maknanipun perenungan) menawi saben-  saben kito sampun ngrumaosi lan menyadari ngaten meniko, saklajengipun meningkat dateng عَرَفَه artosipun, soyo kenal lan faham dateng Allah. Minongko pengeran ingkang nyiptakaken sedayanipun ugi ingkang dados sesembahan kito.

Bagi sinten kemawon ingkang sampun milai mangertos lan memahami kedudukanipun Allah. Manah mesthi terpanggil supados remen, tunduk, taat dateng dawuh - dawuhipun kados dene tundukipun kanjeng Nabi Ibrahim As. Ingkang ternyata langsung dipun gantos deneng Allah arupi mendo super nggantosaken posisinipun Nabi Ismail As. wekdal kapagrat.

Nopo pelajaran ingkang saget kito petik?

Inggih meniko, soyo mengenal Allah, tentu badhe tumbuh raos remen dateng Allah, Remen dateng gusti Allah, tentu semangat taat dateng dawuh - dawuhipun Allah, ketaatan dateng Allah, mesthi ikhlas  berkorban, ngorbanaken wekdal, tenogo, bondho, ilmu, pemikiran, ngantos dumughi jiwo lan rogo kagem kepentingan agami lan kepentingan ummat kerono taat dateng Allah lan murih ridhonipun Allah.

 

لااله الاالله والله اكبر الله اكبر

Poro sederek, Muslimin Muslimat, Jamaah ‘Idil Adha رحمكم الله

Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Dawuh;

اَكْمَلُ الْمُؤْمِنِينَ اِيمَانًا اَحْسَنُهُم خُلُقًا

“wong mu’min kang paling sampurno imane yoiku wong kang bagus akhlake”

Pengorbanan meniko akhlak ingkang terpuji. Kesiapan lan semangatipun tiyang berkorban meniko nedahaken dateng luhuripun akhlak.

Sepinten tingkat pengorbananipun tiyang kagem kepentingan umum lan agami, inggih semanten menikolah tingkatan akhlakipun, lan akhlak ingkang luhur lan terpuji menikolah poro sederek … ingkang dados sababiyanipun kito caket dateng ngersanipun Allah SWT. Sebab akhlak Meniko cermin saking iman, lan bukti iman meniko berakhlak.

Kanthi keterangan meniko jama’ah sedoyo …

Kito saget mendhet sekedik saking hikmahipun syari’at Qurban wonten ing saben-saben ‘idul Adha setiap tahun.


الله اكبرولله الحمد

Poro sederek, Muslimin Muslimat, Jamaah ‘Idil Adha رحمكم الله

Bab terakhir , mbok bilih ingkang perlu kulo aturaken wonten ing kesempatan khutbah meniko, Sinahoso wonten ing musim haji tahun 1441 H. meniko, calon jama’ah haji Indonesia lan ugi saking negeri sanes-senesipun kapekso mboten saged tindak nindaaken ibadah haji, amargi pandemi covid 19 ingkang tasih dados wabah dunia soho pembatasan jumlah terbatas saking pemerintah kerajaan Arab Saudi demi keamanan, kesehatan, lan keselametan sedoyo. Kito tasih pikantuk kesempatan amalan ingkang ganjaranipun sami kaliyan ibadah haji lan umroh.

Kanjeng nabi Muhammad SAW, paring dawuh :

مَنْ خَرَجَ مِنْ بَيْتِهِ مُتَطَهِّرًا اِلَى صَلاَةٍ مَكْتُوبَةٍ  فَأَجْرُهُ كَأَجْرِ الْحَاجِّ الْمُحْرِمِ , وَمَنْ خَرَجَ اِلَى تَسْبِيْحِ الضُّحَى يُنْصَبُهُ اِلَّا اِياَّهُ فَّأَجْرُهُ كَأَجْرِالْمُعْتَمِرِ (رواه ابو داود)

“Sopo sing metu saking omahe dalam keadaan wis suci , wis wudlu (menuju masjid utawa musholla) saperlu nindaaken sholat fardlu, mongko wong iku diparing ganjaran podo karo ganjarane wong kang nindaake ihrom haji , lan sopo wong kang metu saking omahe (menuju Masjid utawa Musholla) nindaaken sholat dhuha, lan ora ono tujuan liyo sakliyane tujuan iku, mongko wong iku diparingi ganjaran podo karo ganjarane wong kang umroh”.

Wonten ing hadist sanesipun, Kanjeng Nabi ugi dawuh :

مَنْ غَدَا إِلَى الْمَسْجِدِ لا يُرِيْدُ إِلَّا اَن يَتَعَلَّمَ خَيْرًا اَو يُعَلِّمَهُ , كَانَ لَهُ كَأَجْرِ حَاجِّ تَامًّا حَجَّتُهُ

 (رواه الطبراني)

“sopo wong kang budal marang masjid kanti tujuan ngaji, utowo mulang ngaji, mengko wong iku diparingi ganjaran podo karo ganjarane wongkang haji kang sempurno hajine”

Mugi-mugi kito sedoyo tansah dipun paring kekiyatan lan kesehatan lahir batin, ugi enteng nindakaken amal - amal kesaenan lan kito sedoyo, putro wayah kito, keluargo lan masyarakat kito sedoyo dipun lindungi soho dipun selametaken Allah في الدنيا والاخره  

 

اعوذبالله من الشيطان الرجيم

وقل رب اغفرورحم وانت خيرالراحمين


 

KHUTBAH 2

اللَّهُ أَكْبَرُ  اللَّهُ أَكْبَرُ  اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ  وَلِلَّهِ الْحَمْدُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُ اللَّهِ وَرَسُولُهُ، فَاللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَنَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ المَيَامِيْنَ، وَالتَّابِعِينَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ  أَمَّا بَعْدُ، فَأُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ عَزَّ وَجَلَّ وَاتَّقُوا اللَّهَ تَعَالَى فِي هَذَا الْيَوْمِ الْعَظِيمِ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَنَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الطَّيِّبِيْنَ، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِينَ، أَبِي بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ، وَعَنْ سَائِرِ الصَّحَابَةِ الصَّالحينَ،  اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ الدَّعَوَاتِ، اللَّهُمَّ اجْعَلْ عِيدَنَا هَذَا سَعَادَةً وَتَلاَحُمًا، وَمَسَرَّةً وَتَرَاحُمًا، وَزِدْنَا فِيهِ طُمَأْنِينَةً وَأُلْفَةً، وَهَنَاءً وَمَحَبَّةً، وَأَعِدْهُ عَلَيْنَا بِالْخَيْرِ وَالرَّحَمَاتِ، وَالْيُمْنِ وَالْبَرَكَاتِ، اللَّهُمَّ اجْعَلِ الْمَوَدَّةَ شِيمَتَنَا، وَبَذْلَ الْخَيْرِ لِلنَّاسِ دَأْبَنَا، اللَّهُمَّ أَدِمِ السَّعَادَةَ عَلَى وَطَنِنَا، وَانْشُرِ الْبَهْجَةَ فِي بُيُوتِنَا، وَاحْفَظْنَا فِي أَهْلِينَا وَأَرْحَامِنَا، وَأَكْرِمْنَا بِكَرَمِكَ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ، وَأَدْخِلْنَا الْجَنَّةَ مَعَ الْأَبْرَارِ، يَا عَزِيزُ يَا غَفَّارُ.

 عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ، وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ،


No comments

Powered by Blogger.