KHUTBAH IDUL FITRI 1442 H. (BAHASA JAWA)


KHUTBAH IDUL FITRI 1442 H.

KHUTBAH 1

 الله ُأَكْبَرُ الله ُأَكْبَرُ الله ُأَكْبَرُ, الله ُأَكْبَرُ الله أَكْبَرُ الله ُأَكْبَرُ, الله ُأَكْبَرُ الله ُأَكْبَرُ الله أَكْبَرُ, الله أَكْبَرُ كَبِيْرًا، وَالحَمْدُ لِلّهِ كَثِيْراً، وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاَ، لاَإِلهَ إِلاَّّالله ُوَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وََنَََرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الأَحْزَابَ وَحْدَهُ لَاإِلهَ إِلاَّّالله ُوَلاَ َنَعْبُدُ إِلاَّّ إِيّاَهُ مُخْلَِِيْنَ لَهُ الدِّّيْنَ وَلَْوْكَرِهَ المُْْرِكوْوْنَ وَلَْوْكَرِهَ الكاَفِرُوْنَ وَلَْوْكَرِهَ المُناَفِقوْوْنَ. الحَمْدُ لِلّهِ الَّّذِيْ حَرَّّمَ الَِّّياَمَ أَيّاَمَ الأَعْياَدِ ضِياَفًًَ لِعِباَدِهِ الََّّالِحِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَإِلهَ إِلاَّّالله ُ لاَشَرِيْكَ لَهُ الَّّذِيْ جَعَلَ الجَّّنًََّّ لِلْمُتَّّقِيْنَ وَأَشْهَدُ أَنَّّ سَيِّّدََناَ وَمَْوْلاََناَ مُحَمَّّدًا عَبْدُهُ وَرَسُْوْلوهُ االداَّّعِيْ إِلىَ الَِّّراَطِ المُسْتَقِيْمِ . اللَّّهُمَّّ صَلِّّ وَسَلِّّمْ وَباَرِكْ عَلىَ سَيِّّدَِناَ مُحَمَّّد وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحاَبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَان إِلىَ يَْوْمِ الدِّّيْنَ. أَماَّّ بَعْدُ فَيَآأَيُّهَاالمُؤْمِنُْوْنَ وَالمُؤْمِناَتِ أووْصِيْكومْ وََنَفْسِّيْ بِتَقْْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّّقوْوْنَ. وَاتَّّقوْوْا الله َّحَقَّّ تُقاَتِهِ وَلاَتَمُْوْتُنَّّ إِلاَّّ وَأََنْتُمْ مُسْلِمُْوْنَ 

Poro sederek Muslimin, Muslimat, Jamaah Idul Fitri رحمكم الله

 الله اكبر الله اكبر الله اكبر

Kanti Kalimat Takbir ingkang kito kumandangkan, berkumandang bersaut-sautan memenuhi luasipun angkasa milai wau dalu ba’dal Maghrib ngantos enjang meniko, kejawi pancen kalimat meniko dipun Syari’ataken deneng Allah. Dados dzikir ingkang paling utami wonten ing dinten Idul Fitri meniko. Ugi monggo kito petik Hikmah Syari’atipun kito maknai kalimatipun, selajengipun kito tanem wonten ing manah kito, bilih yektosipun ingkang Moho Ageng lan Agung soho ingkang berhak dipun pandang ageng lan dipun Agung - agungken wonten ing kehidupan donyo meniko inggih namung Allah SWT. Dzat ingkang wujud lan Mujudaken, dzat ingkang Awwal tanpo kawitan, ingkang Akhir tanpo pungkasan, Moho Tunggal lan Setunggal, dzat ingkang Moho Kuwaos tanpo winates, nopo ingkang dipun kersaaken mesthi Dumadi, nopo ingkang mboten dipun kersaaken mboten mungkin terjadi.Nopo maleh kok kito sedoyo poro menungso, bumi ingkang kito panggeni gesang lan pados panggesangan meniko, namung kados dene sebutir pasir wonten ing tengah-tengah hamparan padang pasir saking milyaran bahkan triliunan planet ingkang dipun ciptaaken deneng Allah. Lan sedoyo tunduk wonten ing genggaman qudroh lan irodahipun Allah (kekuasaan lan kersanipun Allah).

اكبر الله ,kekuasaan, kedudukan, jabatan, kekayaan lan inggilipun macem - macem status sosial ugi status ekonomi ingkang kito sandang lan dipun sandang dening sedoyo menungso meniko namung sepersekian tetes saking Agungipun Kekuasaanipun Gusti Allah.

اكبر الله ,katahipun dosa - dosa kito, agengipun dosa - dosa kito, ingkang sinaoso sampun numpuk - numpuk, meniko mboten wonten napa - napanipun menawi dipun bandingaken kaliyan ageng soho agungipun kasih sayangipun Allah dateng kito, Maghfiroh (ampunanipun) Allah dateng kito. Meniko menawi kito enggal menyadari, ngrumaosi, selajeng berusaha menutupi kanti kesaenan - kesaenan sak ba’danipun.

الحمد ولله ,kalimat meniko ungkapan raos syukur kito sedoyo atas nikmatipun Allah ingkang Agung arupi kasempatan wulan Romadhon, ingkang selami sewulan ingkang nembe berakhir meniko estu kito isi kaliyan siyam lan qiyam poso lan werni - werni ibadah utawi amal - amal kesaenan, kanthi didasari keimanan lan keikhlasan, Allah paring janji dateng kito sedoyo tigo perkawis, inggih meniko, dipun rahmati, dipun ampuni lan dipun bebasake saking sikso neroko.

Poro sederek Muslimin, Muslimat, Jamaah Idul Fitri  رحمكم الله

Kepareng kulo ngaturaken Hadits Riwayat saking shohabat Tsauban R.A. ngeriwayataken bilih Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Dawuh;

 يُْوشِكُ اَنْ تَتداعى عَلَيكومُ الأومَمُ كَماتتَداعى الأَكَلًَو على قََْعَتِها. قِيل, أَمِن قِلًَّّ َنحنُ يْومئذ ؟ قال : لا, بَلْ اََنْتم كَثِيرٌ وَلَكِنَّّكوم غوثّاء كَغُثَّّاءِّالسَّّيْلِ وَلَينْزِعَنَّّ اللهُ الْمَهَابًََ مِنْ قولْوبِ اَعْدائِكوم مِنْكوم وَلَيقْذِفَنَّّ الله ُفي قولْوبِكوم " اَلْْوَهْنُ ". قالْوا : وَمَاالْْوَهْنُ يارسْولَ الله ؟ قال : حُبُّ الدَنيا وكَراهِيًَو الْمَْوْتِ

Artosipun : Parek - parek, tegesipun, sing paling tak kwatiraken terjadi maring seliramu kabeh (poro ummatku), yoiku : seliramu kabeh bakal dikepung, digawe rebutan, dikeroyok deneng poro ummat liyo (tegesipun ummat non islam). Ummat liyo iku ngepung lan ngeroyok marang sliramu kabeh (wahai ummatku), koyo ngepunge lan rebutane wong kang ngepung panganan. Lajeng poro sahabat sami matur nyuwun pirso dateng kanjeng Nabi : Nuwunsewu Kanjeng Nabi, nopo kerono jumlahipun kito sekedik? Kanjeng Nabi paring jawaban kanthi dawuh : ora, kaporo jumlahe seliramu kabeh iku malah akeh banget. Tetapi … jiwa lan kapribadiane seliramu kabeh koyo unthuk ana ing tengah - tengah aliran kali kang banjir. Allah ngilangake kewibawaan saking seliramu kabeh ana ing pandangane musuh-musuh lan Allah nancepaken penyakit “WAHAN” ana ing saben - saben ati saking seliramu kabeh. Poro Sahabat lajeng sami nyuwun perso kanthi matur : nopo toh penyakit “WAHAN” meniko Kanjeng Nabi? Kanjeng Nabi dawuh njawab : “WAHAN” iku : “SENENG DUNYO, KASENGSEM DUNYO, GANDRUNG DUNYO, ATI KUMANTHIL DUNYO, NULI WEDI MATI."  (رواه ابْوداود واحمدبن حنبل)

Poro sederek…kanti dawuh dalem kanjeng nabi kasebat, sumonggo kito sami merenung selajengipun berusaha saestu supados nopo ingkang dipun kuwatosaken kanjeng nabi kasebat mboten terjadi wonten ing saben saben peribadi kito ugi anak turun kito, inggih meniko kanti terus gobdhelan dateng agaminipun allah lan gandulan dateng poro ulama’ penerus perjuanganipun rosulillah Muhammad SAW.

Poro sederek Muslimin, Muslimat, Jamaah Idul Fitri  رحمكم الله

 الله اكبر الله اكبر والله الحمد

Romadhon membakar semangat kito ing ndalem werni – werni kesaenan, romadhon wulan ingkang dipun penuhi rohmat lan ampunanipun gusti Allah lan romadhon wulan ingkang Allah merdekaaken utawi mbebasaken poro kawulonipun sangking neroko. Berkahipun romadhon soho kanthi ‘idul fithri puniko kito sedoyo langkung giat lan semangat ing ndalem kesaenan, kito sedoyo kaluberan rohmat lan ampunanipun Allah lan kito sedoyo kalebet setengah sangking kawulanipun gusti Allah ingkang dipun bebasaken saking nerokonipun.

Amiin, allahumma … amiin

Wusono atas nami pribadi kulo ngaturaken sugeng riyadi ‘idul fithri ugi ngaturaken sedoyo kekhilafan lan kalepatan kulo ingkang kulo sengojo utawi ingkang mboten kulo sengojo nyuwun agunging pangapunten

جعلنا الله وإياكم من العائدين والفائزين والمقبْولين كل عام وأَنتم بخير. آمين بسم الله الرحمن الرحيم، وَسَارِعُْوْا إِلَى مَغْفِرَة مِنْ رَبَِّكومْ
وَجَنًََّ عَرْضُهَا السََّمَْوَاتُ وَالْأَرْضُ أوعِدََّتْ لِلْمُتََّقِيْنَ. وَقولْ رََّبَِّ اغْفِرْ وارْحَمء وَأََنْتَ خَيْرُ الرََّاحِمِيْنَ

No comments

Powered by Blogger.